HAYUNG: Dumadine Kutha Pekalongan

Dumadine Kutha Pekalongan



Dumadine Kutha Pekalongan

Kacariyos kompeni Walanda taksih cumondhok ing Batavia ingkang ndadosaken gesangipun rakyat kita rumaos katindhes. Awit saking punika Sultan Agung Hanyakrakusuma, raja ing Mataram mbikak pendadaran prajurit enggal kangge nambahi kekiyatan supados saged mbirat penjajah kompeni Walanda saking bumi Nuswantara.
Satunggaling mudha ingkang bagus, gagah lan prakosa inggih punika Jaka Bau saking padhepokan Kesesi rumaos kegigah manahipun badhe tumut pendadaran prajurit ing Mataram. Kanthi donga pangestu saking tiyang sepuhipun kekalih, Ki Ageng Cempaluk dalah Nyai Gendari, Jaka Bau bidhal dhateng Praja Mataram. Sowanipun Jaka Bau ing Mataram ngepasi wontenipun perkawis ingkang dipundamel dening Weling Kuning sakadang ingkang mbendung lepen kedhung segawok saengga njalari banjir ing tlatah sakiwa tengenipun lepen punika. Kanjeng Sultan Mataram kersa nampi Jaka Bau,nanging Jaka Bau kedah saged numpes Weling Kuning Sakadang.
Saking pitulunganipun Rara Miranti, rayinipun Weling Kuning, pusaka pedhang Suwedhang minangka piandelipun Weling Kuning saged kapendhet dening Jaka Bau. Kanthi pedhang Suwedhang punika Weling Kuning sakadang saged kabrastha dening Jaka Bau. Jasadipun Weling Kuning sakadang pating glethak, kados bathang, mila papan punika dipunwastani Batang.
Jaka Bau saged unggul ing jurit, Jaka Bau winisuda dados lurahing tamtama ing Mataram, nanging Jaka Bau pinaringan jejibahan langkung awrat inggih punika kinen mboyong Rantamsari saking desa Kali Salak minangka selir Raja. Sasampunipun Jaka Bau pepanggihan kaliyan Rantamsari, kekalihipun sami-sami nandang asmara, mila Jaka Bau kedah goroh lan ngapusi dhateng Sultan Agung Hanyakrakusuma. Sultan rumaos dipuncidrani dening Jaka Bau, minangka ukumanipun Jaka Bau kedah babat alas Gambiran, wana ingkang kebak kewan-kewan galak, jim peri peprayangan ingkang wengis. Katekan Jaka Bau para dhemit sing manggon ing alas Gambiran padha pating cekikik ngece. Kanthi tapa ngalong lan pambiyantunipun Ki Ageng Cempaluk, Jaka Bau saged mbabad alas Gambiran. Dening Sultan Mataram alas Gambiran ingkang sampun kababad dening Jaka Bau dipunwastani Pekalongan.

No comments:

Post a Comment